Atur Pambuka Pengetan Isro’ Mi’roj


Assalamu’alaikum wr. wb.

            Bapak-bapak, Ibu-ibu kaum musiimin lan muslimat ingkang kinurmatan.
Mangga kita sesarengan monjuk atur wonten ngarsanipun Gusti Aliah SWT ingkang sampun paring kanugrahan rahmat sarta hidayah, dene panjenengan sadaya dalasan kula taksih saged makempal wonten ing mriki saperlu ngawontenaken pengetan Isro’ Mi’roj.

          Kula minangka panitia penyelenggara pengetan Isro’ mi’roj ing masjid punika ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng para musiimin lan muslimat ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal kanthi longgaring manah kersa ngrawuhi pengetan Isro’ mi’roj ing riki. Semanten ugi dhumateng para sanak kadang ingkang sampun. kersa mbiyantu bot repoting pahargyan pengetan Isro’ mi’roj punika. Kaum musiimin lan muslimat ingkang satuhu bagya mulya.
         Ing dalu punika kaleres tanggal 27 Rajab utawi tangga ………. Wulan ………tahun …………. Masehi, kita sesarengan sami mengeti Isro’ mi’roj kanjeng Nabi Muhammad SAW. Bapak-bapak, ibu-ibu kaum musiimin lan muslimat ingkang satuhu bagya mulya. Isro’ mi’roj salah satunggaling kedadosan ingkang ageng sanget gina pitedahipun tumraping kita manungsa sak ndonya punika maliginipun umat Islam. Kangge ngyakinaken umat Islam bilih kanjeng Nabi Muhammad SAW ngawontenaken Isro’ inggih punika tindak ing wanci dalu saking Masjidil Haram dumugi ing Masjidil Aqsa ing Palestina, kanthi titihan Buraq inggih punika satunggaling khewan ingkang sampun kacawisaken Allah SWT. sanes Buraq pesawat terbang. Sarta sampun ngadani mi’raj, inggih punika minggah dhateng langit saking Masjidil Aqsa (Palestina) dhumateng Sridotul Muntoha inggih punika langit sap pitu.
           Ing salebeting Isro’ lan Mi’raj punika kanjeng Nabi Muham¬mad pikantuk wahyu Sholat sadititen sadalu kaping gangsal. Ing samangke langkung cethanipun badhe kawedharaken Bp/lbu Mubaligh/Mubalighoh ………….. saking ………….
         Kula kinten atur pambuka pengetan Isra” Mi’raj ing dalu punika kula cekapi semanten rumiyin. Mangga sesarengan kangge tetenger bilih pengetan punika dipunwiwiti maos basmallah sesarengan . Bismillahirrohmanirrochim.

Akhirul kalam billahit taufiq wal hidayah.’
Wassalamu’aiaikum wr. wb. nuwun.

0 comments:

Post a Comment