Tanggap Wacana nDungkap Dinten Hari Raya Idhul Fitri



Assalamu’alaikum wr. Wb.

Bapak-bapak, Ibu-ibu, kaum muslimin lan muslimat ingkang satuhu kinabekten. Minal aidzin wal faidzin.

Mangga kita sesarengan monjukaken puja miwah puji syukur wonten ngarsaning Gusti ingkang Maha Agung dene sampun paring taufiq saha hidayah. Katitik ing wekdal punika panjenengan sadaya dalah kula taksih pinaringan kasugengan saha karaharjan, saged pinanggih wonten ing masjid riki, saperlu ngawontenaken pepanggihan nyambut dinten riyadi punika.

Kados sampun kita mangertosi bilih mbenjang enjang, umat Islam ing saindenging Nuswantara badhe ngawontenaken dinten ingkang ageng dinten ingkang. kebak kabagyan tumrapipun umat Islam inggih punika dinten riyadi utawi Idhul Fitri. Satunggaling dinten ingkang ageng tumrapipun umat Islam ingkang dipunregengaken kanthi kebak rasa syukur dhumateng Allah SWT, saha ngagungaken asma Allah SWT.
Allahu akbar Allahu akbar Allahu akbar, La illaha ilallahu Allahu akbar, Allahu akbar walilahilhamd.
Kanthi ngagungaken asmaning Gusti, mboten wonten Gusti ingkang kula panjenengan sembah kajawi namung Gusti Allah piyambak. Idul Fitri ingkang maknanipun Idhul inggih punika wangsul, saha fitrah suci. Sasampunipun nindakaken siam ingkang dangunipun satunggal wulan minangka rukun Islam ingkang dipuntindakaken. Pramila kanthi wontenipun dinten ageng tumrapipun umat Islam, mangga sesarengan kita tansah nyenyuwun dhumateng ngarsanipun Allah SWT supados dosa kita sageda lebur ing dinten Riyadi punika kanthi mucap: Taqabalallahu mina wa minkum, mugi-mugi Gusti Allah kersaa paring pangapunten dhumateng kita lumantar ing dinten Riyadi punika.

Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sadherek kaum muslimin lan muslimat ingkang satuhu bagya mulya,

Sampun satunggal wulan kita sami nindakaken ngibadah siam. Kita saged ngraosken kados pundi raosipun mboten nedha saha ngunjuk sadangunipun satunggal dinten, saha saged nahan hawa nepsu. Pramila, kita saged ngraosaken kados pundi raosipun tiyang-tiyang ingkang gesangipun tansah kekirangan. Pramila ing dinten riyadi punika Allah ndhawuhaken dhumateng umatipun supados ngedalaken zakat pitrah kangge sedherek-sedherek kita ingkang kekirangan.
Zakat pitrah ngresiki dosa kita tumraping umat ingkang mampu. Saliyanipun punika mbenjang-enjang kula suwun kaum muslimin muslimat ingkang satuhu kinurmatan kersaa ngrawuhi sholat Ied wonten ing ………. sedaya kemawon mboten wonten kuciwanipun. Lan saderengipun tindak dhateng sholat Ied kula suwun dhahara enjang rumiyin. Pawestri ingkang nermbe wulanan ugi kasuwun rawuh midhangetaken khotbah.

Kula kinten atur menika kula cekapi semanten rumiyin mugi-mugi kita saged mahargya dinten riyadi kanthi remen, saha kebak ketaqwaan dhumateng Allah SWT.

Akhirul kalam, Bilahittaufiq wal hidayah,

Wassalamu’alaikum wr. wb.

0 comments:

Post a Comment